Korban (Daging) Qurban

Jumat, 28 Agustus 2009

Korban (Daging) Qurban
Oleh: Arjuna Ireng Al-Barbasi

Sampe dino iki kuncung iseh loro wetenge. Kit wingi bengi deweke mencret bolak-balik nyang WC tekan ping sepuluh. Kuwi mau mergone de’ne kokehen sate lan daging qorban. Bedo ceritane karo Bendot. Senajan lemu awake, tapi kropos untune. Sangkin keenaken anggone mangan sate, sampe untune podo loro. Dasar santri, nek kurang, koyo kelaparan, nek kebagian ora tanggung-tanggung, lahap habis, nganti-nganti over dosis. Ono sing loro untu, sakit kepala, mules, awake podo loro dan sebagainya. Wah…kok malah podo dadi korban daging qurban??
“Ndot, menurutmu piye, masakan gule arek-arek wedho wingi?? Teko,e Kang Somad neng tengah-tengah jagongan santri putra, sing lagi podo nongkrong ning koperasi mburi, asrama Abdul Qodir.
“Jujur ya Kang, menurutku kurang….??
“Maksud lho..kurang opo Ndot. Kurang asin, kurang pedes opo kurang nyokot?” Somad dadi penasaran.
“ Sabar Kang, maksudku…Kurang okehh! Lha piye, moso sa asrama mung dike’i sa plastic thok??
“Wah..tak kiro ki kurang opo, jebule kurang okeh. Yo bener, wetengmu iku ukurane telung porsi kok. Ngene mas Bendot, sing penting kan roto, dari MI sampai mahasiswa dan ustadz-ustadznya kebagian daging semua.
Tak kirain kurang apa gitu. Nek kurang asin, mergo durung podo pengin kawin. Nek kurang manis, mergone sing masak cahe wis manis-manis; koyo mba Maria, fatimah, Ifah, Hajimah, Hikmah, Ulfa, Sahla, Khotijah, Lili lan liyo-liyone. Nek menurutmu kurang pedes, tinggal njambak wae rambutmu, ha...ha…
“Tapi menurutku masakan gule wingi memang ono sing bedo Kang! Sela Kuncung, si kurus yang tukang icip-icip masakan nusantara.
“Bedane piye Cung. Nek rasane rodo kurang, yo wajar, dimaklumi, jenenge wae masakan ala santri, konsepe wong akeh, sing masak yo wong okeh juga. Alhasil, rasanya rodo rame-rame he..he..., tapi enak juga kok, nyatanya sekali datang, habis ludes, cuma tinggal tulang.
“Nggak Kang, tenan masakane beda..!?
Maksudmu beda piye?
Beda…Beda karo mie ayam, ha…ha…!!!
“Yo cethu lah…

Wis, saiki sing penting bukan masalah daging qurbane. Tapi sejatine awak dewek kabeh kudu ngerti makna lan spirite qurban. Spirit qurban yoiku, pengorbanan lan perlawanan. Pertama, pengorbanan. Bahwa segala hal untuk mencapai kesuksesan itu membutuhkan pengorbanan, tidak instant. Kayak pengin pinter, pengin IP-ne apik, pengin dadi PNS, pengin dadi pengusaha, termasuk nek pengin cintane diterima, utowo pengin nikah karo sopo wae, kudu usaha lan butuh pengorbanan. Kedua, Perlawanan. Yaitu melawan segala pengaruh negatif (hawa nafsu). Diibaratkan dengan hewan qurban. yang disembelih, sejatinya adalah simbol membunuh nafsu hewaniyah manusia, sehingga dengan qurban akan menjadikan manusia saling mengerti dan berbagi dengan manusia lainnya. Terlebih tanggal 9 Desember kemarin, kita memperingati hari Anti Korupsi Se-Dunia. Mari dengan semangat qurban kita lawan korupsi di segala lini. Termasuk belajar untuk tidak korupsi waktu dan korupsi minta kiriman ke ortu kita, he..he….

Wallahu A’lam bi Showab

Buletin Damarsantri
Yayasan Pondok Pesantren Wahid Hasyim Yogyakarta
Jl. K.H. Wahid hasyim Gaten Condongcatur Depok Sleman Yogyakarta
http://damarsantri.blogspot.com/

0 komentar:

Posting Komentar