Siang Berfikir, Malam Berdzikir

Jumat, 28 Agustus 2009

Siang Berfikir, Malam Berdzikir


Oleh : Arjuna Ireng Al Barbasi


Malam iku Kuncung ora kaya biasane. Jam 3 esuk, deweke wis tangi. Padahal kanca-kanca rondane, esih pada turu neng ngarepe serambi Masjid Gaten. Padahal wayah iku, udane lumayan deres. Pokoke kanggone turu, uenak tenan. Ojo meneh, kanggone kanca-kanca sing mau awan bar kerja bakti, bar ujian atawa bar bal-balan. Wah, turune angler tenan. Enake poll. Tapi rupane Kuncung tetep tangi bengi. Soale awit mau sore, deweke wis niat arep qiyamul lail lan esuke puasa Kemisan.
“Kang Somad...ayoo tangi. Iki wis jam 3 lho, jare arep saur?” Kuncung nggugah Kang Somad, kanca rondane.
“Aooahh....!” Kang Somad, angob. Matane esih krasa abot anggone melek.
“Kang ayo kang, tangi!”

Ora suwe akhire kang Somad gelem tangi. Bengi iku Kuncung karo kang Somad, saur bareng neng warung Burjo, mburi pondok. Ora lali, senajan pirang rokaat, Kuncung nglakoni shalat bengi.
“Wah tumben Cung, awakmu rajin. Gelem tangi bengi, shalat tahajud lan ngesuk arep puasa. Jangan ada maunya. Opo ben nilai ujianmu bagus, ben IP ne duwur, ben ujian Madine gampang?? Ha...ha...
“Wah, Kang somad iso wae. Ya..gitu dech Kang. Ini kan bagian dari usaha Kang. Sing penting bengi kanggo njaluk, esuk kanggo kerja, utowo bengi kanggo dzikir, esuke kanggo mikir ujian...”
“Oh ngono toh Cung, syukur-syukur sih, awakmu bisa langgeng koyo ngene tiap bengi.”
“Amin...”

Memang bener Cung. Faedahe shalat bengi iku gede banget. Malah Gusti Allah Ta’ala sampun dawuh neng surat Al-Isra: 79 kaya ngene: “Lan ingdalem sebagian wengi, mangka pada sholato tahajud, kanggo nambah ibadah wajibmu. Muga-muga gusti Allah ngangkat derajatmu kelawan derajat sing paling apik.”

Teus, sawise tahajud diterusna kelawan dzikir lan muhasabah. Dzikir iku artine eling. Eling maring Gusti Allah sing Maha Kuasa. Dzikiran bisa kelawan dzikiran sing wis umum, kaya Laa ilaha illallah, Astaghfirullah lan lafadz-lafaz liyane kaya sing ana neng buku Mambaul Hidayah (buku Mujahadahan). Nek muhasabah artine merenung, refleksi. Piye anggone prestasine dewek ibadah? Kira-kira nek ditimbang, akehan endi antara dosa lan pahalane awak dewek?.
Mulane sangkin apike lan akehe faedah shalat bengi lan dzikir wengi, mangka bisa dadi tambane ati.

Kanggone santri Wahid Hasyim, mestine slogan “Awan Mikir-Bengi Dzikir” kudu dibudaya’ke lan dadi kepribadian saben-saben santri. Ojo meneh, kangone awak dewek, sing notabene Mahasiswa lan Mahasantri. Awan mangkat kuliah, golet ilmu neng endi wae; perpustakaan, seminar, workshop lan melu training-pelatihan apa wae. Lan bengine ngaji, mujahadahan, muqodaman lan qiyamulail. Insya Allah awak dewek kabeh bisa mewujudkan cita-citane. Kuliahe oke, ibadahe yes, ngajine top.

Tapi memang ora gampang anggone mraktekake slogan “Awan Mikir-Bengi Dzikir”. Ora kaya wong balikake tangan. Tapi kabeh mau, bisa diusahakan sedini mungkin. Pertama, Mengoptimalkan kinerja petugas ronda. Petugas ronda bisa membangunkan santri mulai jam 3, sehingga barang kali ada santri yang mau qiyamulail atau berpuasa, bisa terbangunkan. Kedua, menumbuhkan budaya rajin kuliah, rajin membaca dan membiasakan diri dengan diskusi. Diskusi kita, tidak lagi hanya berputar pada soal: pacar, jodoh musik, film dan hoby saja, tapi mulai merambah sedikit agak ilmiah.

Ketiga, mengoptimalkan ritualisasi ubudiyah di Pesantren Wahid Hasyim dan meningkatkannya. Peran aktif santri dalam ritual Mujahadan, Muqodaman maupun pembacaan Hizbul Bayumi (hari Sabtu pagi) harus ditingkatkan. Karena Insya Allah, faedahnya akan kembali pada kita semua. Sekarang, mungkin belum kita rasakan, tapi kapan waktunya dan di mana, faedah itu akan menmghampiri kita. Yakinlah! Wallahu A’lam Bi Showab.

Buletin Damarsantri
Yayasan Pondok Pesantren Wahid Hasyim Yogyakarta
Jl. K.H. Wahid hasyim Gaten Condongcatur Depok Sleman Yogyakarta
http://damarsantri.blogspot.com/

0 komentar:

Posting Komentar