Marhaban, Ya.. Muharram (1430 H)

Jumat, 28 Agustus 2009

Marhaban, Ya.. Muharram (1430 H)


Oleh : Arjuna Ireng Al Barbasi

Pirang dina meneh, awake dewek arep mlebu ning tahun 2009. Senajan santri, rupane Kuncung Lan Bendhot ora gelem ketinggalan anggone nyambut tekane tahun baru 2009. Serentetan acara wis disiapna, diantarane; tuku kembang api, arep bakar-bakaran jagung karo ronda, dolan ning obyek wisata lan nyiapna acara khusus sing ora kalah gaunge, yaiku silaturahmi ning umahe calon mertua, ha..ha..

Nanging kanggone dewek, khususe para santri Wahid Hasyim, kaya-kaya akeh sing padha lali. Disamping awak dewek arep mlebuni tahun baru 2009, uga dewek kabeh arep mlebu neng tahun baru Islam, yaiku 1 Muharam 1430 H. Tapi sayang, zaman saiki, khususe generasi enom, akeh sing pada nglali’ke bahkan ora peduli karo tahun baru Islam.

“Oh..dadi awak dewek kabeh iki yo arep nyambut tahun baru Islam, Kang Somad? Kuncung, nembe nyadar.
“Iya Cung. Tahun baru Islam tanggal 1 Muharam 1430 H, tepate mengko tanggal 29 Desember 2008. Nek cara Jawa, kondang dijenegi tanggal “1 Syura”. Kang Somad njelasna karo ngopi bareng neng ngarepe asrama Abu Bakar.
“Terus, apa istimewane wulan Muharam iku, Kang?” Bendot nambahi pitakonan.
“Ngene mas Bendot. Wulan Muharam kuwi akeh sejarahe lan faedahe.”

Pertama, Muharam jamam mbiyen, Kanjeng Nabi sukses mbangun mesjid, sing gunane ora mung kanggo ibadah thok, tapi uga kanggo tempat musyawarah. Nomer loro, Tahun semono, Rasulullah SAW bisa nepungna persaudaraan antara kaum Anshor lan Muhajirin. Kelawan persaudraaan mau, bisa ningkatna Ukhuwah Islamiyah. Sing semono bisa dijupuk hikmahe. Yaiku, Ukhuwah Islamiyah ora beda-beda’ke suku, rasa, bangsa, warna kulit lan bahasa. Nomer telune, Nabi Muhammad nganakna perjanjian; bareng-bareng mbantu, tetulungan, antarane muslim karo non-muslim, uga nyepakati kebebasan anggone milih agama. Nomer papate , Mulai tahun iku, nabi Muhammad wis bisa gawe dasar-dasar perpolitikan lan perekonomian Islam, sing hasile yaiku masyarakat sing “Madani”.

Mulane, nyambut tekane tahun baru Hijriyah iki, ayo...awak dewek kabeh pada meresapi makna hijrah sing sebenere, yaiku ngapiki-ngapiki keadaane menungsa marang keadaan sing luwih becik. Terus, pada introspeksi lan evaluasi diri, wis akeh apa durung,, anggone dewek ngukir prestasi lan ibadah. Kaya nyetir ngendikane Si Mbah Nyai Hj, Hadiah neng pengajian malam Senin; “Nek mbiyen Almarhum (KH. Abdul Hadi), iku mesti puasa ing awal Muharam, sukur kanggone para santri bisa tekan tanggal 10 Muharam. Terus...biasane santri bareng-bareng maca donga akhir lan awal tahun bareng-bareng ana ing mesjid”.

Wallahu A’lam Bi Showab.

Buletin Damarsantri
Yayasan Pondok Pesantren Wahid Hasyim Yogyakarta
Jl. K.H. Wahid hasyim Gaten Condongcatur Depok Sleman Yogyakarta
http://damarsantri.blogspot.com/

0 komentar:

Posting Komentar